Lintangku (Cerpen berbahasa Jawa)

Cerpen berbahasa Jawa

“Wong jeneng kok Lintang, to Mas?”, mangkono pitakone bojoku nalika aku nduwe usulan jeneng kanggo anakku wedok.  “Njur kepriye olehe nyeluk mengko?”.  Aku mangsuli, “Ya bisa wae diceluk Lin utama Tang utawa diceluk genep sisan, Lintang.  Lak ya mathuk to Buk?”.  Bojoku mung meneng wae ora mangsuli apa – apa.  Aku wis apal menawa meneng kaya ngono kuwi tegese ora sarujuk babar pisan ora sarujuk marang jeneng sing dak usulake kuwi.

Wusanane senajan bojoku ora sreg, anakku wadon tetep tak jenengake Dhanastri Kirana Melathi.  Undang – undangane Dhana, ….  Kekudangan marang anakku wadon iki kaya mangkene: Ayu lan bekti pinindha widodari, uripe tansah migunani tumrap sapadha – padha, kaya sumunare rembulan kang madhangi jagad sak isine, lan tansah nindakake laku kang utama, kaya wangi lan putihe kembang melathi.

Dhana tansah mesem marang sapa wae kang ngliling dheweke … Trus dipunjuli ngguyu nengsemake ati.  Awake lemu ginuk – ginuk, mripatane kaya simbah Kakunge.  Lucu banget anakku wadon, mula tansah dadi wewayangane atiku nedheng aku makarya.

Nalika arep ngancik setahun Dhana durung bisa mbrangkang, amarga dina – dinane asring nandhang lara lan saba ndaleme bu dokter lan rumah sakit.  Uga durung bisa ngucap apa – apa, mung tangise kang banter nganti krungu tangga teparo.  Yen lagi seneng atine, karo mlumah sikile tengen diobah – obahake nyenggol tanggalan sing mapan ana cedhak panggon turune.

Yen ngudang sok – sok tak kudang mangkene, “ Dhanastri Kuncrit Melathi … Dhanastri Lintang Melathi …”.  Tak kudang Kuncrit amarga Ibune asring ndandani rambute Dhana sing ngandhan – andhan dikuncrit siji mendhuwur dadi lan ayu tur lucune.  Dheweke kaya – kaya ngerti yen lagi ditimbali Bapake, trus ngguyu kekelen mranani ati.

Ing wulan Mei 2008, nalika nampa telpon saka bojoku kaya – kaya ora ana firasat babar pisan, nanging kaya bledheg wayah awan, bojoku mung kandha, “Dhana ora enek mas.”.  Aku kaya ora percaya sabab dhek Minggu bengi mentas gojegan karo aku.  Aku banjur takon maneh, “Piye buk?”.  Dibaleni maneh karo bojoku,”Dhana wis dipundhut balik dening Allah, mas”, mengkono bojoku njlentrehake ukarane karo nangis.

Dhuh Gusti Allah, kados taksih dereng dangu anggen kula momong anak kula Dhana … nggih Lintang kawula.  Oh Gusti Allah, mugi wonten ngarsa Panjenengan anak kula wadon pinaringan panggenan ingkang sak sae – saenipun.  Kula saha keluarga sampun ikhlas lair trusing batos.  Innalillahi wa inna ilaihi raji’un.  Kabeh wis dadi pepesthine Gusti Allah.

Muga – muga Lintang ku ana alam kelanggengan wis diparingi kahanan kang luwih tetrem lan bisa mlaku, mlayu, omong – omongan, lan gegojegan dolanan pasaran karo kanca – kancane ana pangayomane Gusti Allah Ingkang Maha Kuasa.  Mbesok yen wis titi wancine aku tinimbalan sowan bali ana ngarsaning Gusti Allah, muga – muga aku kelakon bisa dipapak anakku wadon sing tansah tak tresnani si Lintang … kanthi eseme kang tansah dadi wewayangane atiku. (DP)

Explore posts in the same categories: Puisi dan Cerpen

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s


%d blogger menyukai ini: